PANGERAN DIPONEGORO SATRIA SAKING GOA SELARONG

Posted: Juni 23, 2014 in Sastra
Tag:, ,

PANGERAN DIPONEGORO

SATRIA SAKING GOA SELARONG

Image

 

Pangeran Diponegoro lair ing Yogyakarta, 11 November 1785. Pangeran Diponegoro terkenal amargi mimpin perang Diponegoro/Perang Jowo(1825-1830) nglawan Walandi. Perang diponegoro terkenal amargi mimpin wargo kanggo nglawan londo. Pangeran Diponegoro putro saking Sultan Hamengkubuwono III, raja mataram ing Yogyakarta lan selir ingkang asmanipun R.A. Mangkarawati. Pangeran Diponegoro mboten purun  dados raja mataram saknajan dipun pekso kalian kanjeng Sri Sultan Hamengkubowono III amargi sanes putranipun permaisuri. Pangeran Diponegoro mboten krasan urip ing kraton, amargi luwih seneng urip ing ndeso teng dalemipun eyang buyut. Ing taun 1822 pangeran diponegoro njagani Hamengkubuwana V ingkang umure 5 tahun, lan pemerintahan dipun cekel kalih Patih Danureja kalian Residen Belanda. Nanging perwalian koyo ngono mboten dipun setujui kalian Pangeran Diponegoro.

Perang Diponegoro dipunwiwiti saking belanda, belanda masang patok ing lemahipun Diponegoro ing desa Tegalrejo. Diponegoro ora seneng kalih belanda ingkang mboten kersa ngaosi adat istiadat masyarakat lan gawe masyarakat susah. Sikap Diponegoro ingkang nantang walandi, nyaged simpati uga dukungan kalian rakyat. Inggil saran Pangeran Mangkubumi, pak-likipun, Diponegoro menyingkir saking Tegalrejo lan uga kadamel markas ing satunggal goa ingkang nduwe nami Goa Selarong. Kala puniko, Diponegoro ngginemaken menawi perlawanan meniko “Perang Sabil” ingkang dikobarkan Diponegoro mbekto pengaruh ngantos datheng wilayah pacitan uga kedu. Wonten satunggaling tokoh agami ing Surakarta, Kyai Maja, nderek kaliyan Diponegoro ing Goa Selarong.

Ing puncak peperangan, Walandi migunaake 23.000 tiyang serdadu, wonten hal ingkang dereng nate kadadosen nalika punika dipunpundi wilayah ingkang mboten jembar kados Jawa Tengah lan sebagian Jawa Timur dipunjagani dening dasan ewu serdadu.

Ing tahun 1827, Walandi numindakake penyerangan dumateng Diponegoro kaliyan ngginakaken sistem benteng dadosipun pasukan Diponegoro mboten saged kesah. Ing taun 1829, Kyai Maja, pangajeng spiritual pemberontakan dipun tangkep kaliyan Walandi. Lajeng Pangeran Mangkubumi lan Panglima utaminipun Sentot Alibasya nyerah dhateng Walandi. Akhiripun ing tanggal 28 Maret 1830, Jenderal De Kock kedadosan kejepit ing magelang. Ing ngrika, Pangeran Diponegoro ngginemaken purun dipun tangkep nanging syaratipun laskar liane dipun bebasken. Mila, Pangeran Diponegoro dipun tangkep lan diasingken datheng manado, lajeng dipunpindhahaken datheng makassar ngantos wafat ing Benteng Rotterdam tanggal 8 Januari 1855.

Perang kaliyan penjajah lajeng dipunlajengaken dening para putera Pangeran Diponegoro. Pangeran Alip utawi Ki Sodewo utawi Bagus Singlon,Diponingrat,Diponegoro Anom, Pangeran Joned lajeng numindakake perang nanging kalah kaliyan Walandi. Sekawan putera Pangeran Diponegoro dipun bucal datheng Ambon, sawetoro Pangeran Joned pejah ing peperangan, mekaten ugi Ki Sodewo.

Bagus Singlon utawi Ki Sodewo yaiku Putera Pangeran Diponegoro kaliyan Raden Ayu Citrawati. Perjuangan Ki Sadewa ndampingi bapak dipun landasi raos dendam ing kepejahan eyangipun (Ronggo) uga ibu naliko Raden Ronggo dipun pekso nyerah amargi memberontak dhateng Walandi. Langkung tangan-tangan pangeran Mataram ingkang sampun dipun kendhalikaken dening Patih Danurejo, mila Raden Ronggo saged ditaklukan. Ki Sodewo alit uga Sentot sareng keluarga bupati Madiun lajeng diserahaken dhateng Keraton dados barang bukti.

Ki Sodewo ingkang taksih bayi lajeng dipunpendhet dening Pangeran Diponegoro lajeng dipuntitipken ing sahabate ingkang nduwe nami Ki Tembi. Ki Tembi lajeng mbektanipun kesah. Walandi piyambak ing kala punika ora seneng sanget kaliyan anak Raden Ronggo ingkang dipun kenal nantangi Walandi. Inggil kajeng Pangeran Diponegoro, bayi kesebat dipunsukani nami Singlon ingkang artosipun penyamaran.

Macem-macem cara dipun upayakaken Walandi kangge nangkep Diponegoro. Sayembara dipunkanggeaken 50.000 Gulden dipun sukakna dhateng sinten kemawon ingkang sangguh nangkep Diponegoro. Ing tanggal 20 Februari 1830 Pangeran Diponegoro uga Kolonel Cleerens kepanggih ing Remo Kamal, Bagelen. Cleerens ngurun rembugaken kajengipun kanjeng Pangeran uga pandherekipun mendel riyen ing Menoreh kaliyan kedhatengan Letnan Gubernur Jenderal Markus de Kock saking Batavia.

Tanggal 28 Maret 1830 diponegoro nemoni Jenderal de Kock ing Magelang. De Kock meksa ngawontenaken perundingan uga ndesak Diponegoro supados ngrampungke perang. Nanging dipun tolak kaliyan Diponegoro nanging Walandi sampun njagikaken penyergapan kaliyan teliti. Dinten punika ugi Diponegoro dipun tangkep uga diasingkan datheng Ungaran, lajeng dipunbekta datheng Gedung Karasidenan Semarang, uga lajeng datheng Batavia angginakaken kapal Pollux ing 5 April. 11 April 1830 ngantos ing Batavia uga ditawan ing Stadhuis, kaliyan nengga keputusan saking Gubernur Jenderal Van den Bosch.

30 April 1830 Pangeran Diponegoro, Raden Ayu Retnaningsih, Tumenggung Dipasana lan garwo mawi para pandherek bentenipun kados Mertaleksana, Banteng Wereng, uga Nyai Sotaruna badhe dipunbucal datheng Manado. 3 Mei 1830 Diponegoro uga rombongan dipunbudhalaken kaliyan kapal Pollux datheng Manado uga ditawan ing benteng Amsterdam. 1834 dipunpindhahaken datheng benteng Rotterdam ing Makassar, Sulawesi Kidul.

8 Januari 1855 Diponegoro wafat uga dipun makamaken ing Makassar, ing Jl. Diponegoro, kelurahan Melayu, Kecamatan Wajo, sekitar sekawan kilometer sisih ler puser kitha Makassar. Rampungipun Perang Jawi ingkang ngrupikaken akhir mengsahan priyantun Jawi. Perang Jawi niki kathah nedha korban ing pemerintah Walandi sakathah 8000 serdadu Eropa, 7000 pribumi, lan 200.000 tiyang jawi

 

by: Himawan A Candra

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s